Puspåwarnå - ᭙

17. Lindu

Nêgårå-nêgårå síng kênå tsunami yakuwi Suriah, Maladéwa, India, Srilangka, Bangladès, Thailand, Malaysia lan Indonésia (pérangan Acèh lan Sumatra Kulón).
Kórban manungså síng mati atusan éwón lan akèh bangêt síng durúng kêtêmu. Kahanané pårå kórban mrihatinaké, nrênyuhaké lan mêsakaké bangêt.
Akèh layón síng ora wutúh manèh, kêgubêl lumpúr, kêcêpít lan kêjugrúgan wêwangunan síng ambrúk, tumpang súh dadi siji karo akèhé barang sing bosah basèh.
Kórban manungså sing isih urip, ora kabèh séhat, akèh síng badané ora wutúh, rusak, cacat, tatu, lårå lan akèh síng sambat ngaru-årå ngrasakaké kahanané.
Síng kêparingan slamêt pådhå ngungsi ånå tlatah síng aman.
Kabèh pådhå susah amargå kélangan anak, bojo, ponakan, mbah, sêdulúr, kåncå, surat-surat pêntíng, dokumèn, pêrabótan omah, radio, tv, råjå kåyå, råjå brånå, barang pêthingan lan liya-liyané.
Campur aduké råså prihatin, trênyúh, sêdhih lan susah ora múng dirasaké pårå kórban (manungsa) síng isíh slamêt, nangíng ugå nêmah krabat síng ånå njåbå rangkah Acèh.
Akèh bangêt síng nglairaké råså prihatín, simpati, bélå sungkawa lan mèlu ndonga’aké mugå arwahé pårå kórban ditåmpå déníng Allah síng Maha Kawåså.
Síng isíh slamêt ugå didonga’aké mugå kaparingan tawakal lan tabah ngadhêpi kahanan síng ngédab-édabi mau.
Ombak gêdhé tsunami ugå ngrusak lan nrajang pêlabuhan, tanêman, wit-witan, pomahan, jaratan (makam), masjíd, mushola, pasar, mal, instalasi listrík, pabrík, dalan, krêtêg, kantór-kantór lan wêwangunan liyané.
Lingkúngan kutha lan padésan ing tlatah pêsisír kulón Acèh prasasat waråtå kêtrajang ombak lan pådhå rusak ora karu-karuwan.
Gêgandhèngan karo prahårå alam síng nêmah Acèh lan pérangan Sumatra Kulón iku, Indonésia lagi nandhang susah, sêdhih lan prihatin. Indonésia lagi nangís.
Ngadhêpi kahanan iku, pamaréntah (pusat) lan kabèh pérangkaté, disêngkuyúng lan diawaki déníng pårå ulama, tókóh masyarakat, têntara, pamóng praja, artís, pêrusahaan, dunia usaha (swasta), TV, média group, wartawan, mahasiswa, rélawan lan liyå-liyané pådhå cancút nangani kórban lan mulihaké kahanan.
Pirang-pirang posko dianakaké supåyå bisa cêpêt mbiyantu pårå kórban.
Bantuan arupå pangan, sandhangan, dhuwít lan liya-liyané têrús lumintu.
PBB uga mènèhi pambiyantu, katambahan pamaréntah Singapúr, Malaysia, Koréa, Jêpang, Australia, Amérika lan liyå-liyané.
Lindhu síng nuwúhaké tsunami tanggal 26 Sèptèmbêr 2004, kacathêt dadi bêncana alam síng palíng gêdhé dhéwé.
Lagi iki donyå ånå prahårå alam síng nduwèni kórban palíng akèh, nggêgirisi lan ngédab-édabi.
Gêgandhèngan karo lindhu lan prahårå alam mau, ing pêwayangan(pêdhalangan) ånå pocapan síng bisa kanggo nggambaraké kahanan.
Sadurungé ånå gårå-gårå dipocapaké déníng Ki Dhalang : akèh lindhu, gêtêr patêr, bumi gonjang-ganjíng, samodra kocak, gunúng moyag-mayíg.
Horêgíng bumi gawé rusak pêkarangan lan têgalan. Ing bawånå sintru kêsapút lêbu.
Ing akåså gumaludhúg, kilat thathít magêntúran, dhêdhêt érawati ngakak, gorå gurnitå kagiri-giri.
Horêg bumi prakêmpå, mandhala mangambak-ambak, kumucak mawêtu gêni.
Kêtigå dåwå ånå udan salah mångså dêrês, lésús pindhå pinusús, sindhúng riwút magênturan, prahårå gorå walikan.
Tirtaníng samodrå umób lír linêbúr, búr buah syúh sumamburatíng ambårå låyå ambèr ngêlêbi dharatan, yayah angêlêm jagad.
Hardaníng gårå-gårå sumundhulíng surålåyå gonjíng balé marcukundha maník, rêngat sunguné lêmbu andini kåyå njêból-jêbólå kori sélå matangkêp, kumitír pêthité Hyang Anantabogå.
Kawah Candradimukå lír kinêbúr, ambèr êndhút siblêgêdåbå, kayu andóng kayu muríng pådhå rêbah kasulayah.
Gègèr pårå widådårå widadari, hapsårå hapsari sami ngungsi Hyang Hodipati.
Kêjåbå såkå iku, ugå dipocapaké mênåwå sato iwèn lan ibêr-ibêran susah. Janmå, pandhitå, ratu pådhå nandhang sungkåwå.
Déwå tumurún ing ngarcåpådå årså têtulúng janmå mêt parmaníng budåyå. Pandhitå bangkít mêmujå, manjíng pråjå minta pitulunganíng ratu.
Sari pathi pocapan dhalang kasêbút, biså dadi wulangan (sinandi) kanggo ngadhêpi kahanan ing Indonésia wêktu iki.
Kêdadéyan wiwít anané krisis multi dimènsi (monêtèr, êkonomi, étika, moral, kêpêmimpinan), gêrakan sêparatis ing Acèh lan Papua, térór, bóm, kónflik ètnis ing Sulawêsi Têngah, lindhu ing Alór lan Nabiré, lindhu tsunami ing Acèh lan liyå-liyané, pêrlu diwawas kanthi wêníng, prêmati, élíng, waspådå lan wicaksånå tumrap såpå waé.
Rakyat, ulama, pêmimpín, politisi, ilmuwan, pêjabat, aparatúr pêmêrintah, kadêr parpól, mahasiswa, wartawan, burúh, tani, nêlayan, rélawan lan kabèh kómpónèn bångså, pêrlu tumandang gawé, saiyêg saékå pråyå ngadhêpi kahanan Indonésia.
Njingglêngi kahanan ing Acèh, åpå déné akèhing pambiyantu sing ora nóntón lan mbédak-bédakaké suku, ras, agåmå, aliran lan liya-liyané, dadiyå sarånå kanggo ningkataké råså kamanungsan, råså kabangsan lan råså katrêsnan, pêrsatuan lan kêsatuan ing bumi Indonésia.
Muga Gústi Allah SWT mêsakaké lan nulungi Indonésia sing lagi prihatin, susah lan nangis. Amin.


Déning : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

broker mfx выплаты кисти wobs купитьоставить отзыв

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

ikon-buku-tamu
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

6977254
  Hari ini     :  Hari ini :17
  Kemarin     :  Kemarin :94
  Minggu ini   :  Minggu ini :228
  Bulan ini   :  Bulan ini :1830
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang