Puspåwarnå - ᭙

13. Wayang lan Dhalang

Wayang, Dhalang, Bléncóng, Kêlír lan Gêdêbóg ora biså dipisah-pisahaké ånå ing pagêlaran wayang.
Wêwatón sêrat Sastra Gêndhíng blêgêré pancèn lima.
Nangíng mênåwå mêthík såkå kakawín Sumanasantaka limang bab mau kêtambahan anané tabuh-tabuhan utåwå gamêlan manút gêndhíng-gêndhíng síng biså alón, cêpêt, ngrangín utåwå sora.
Iku durúng anané pradånggå, wiråswårå, swåråwati utåwå pêsindhèn.
Sabanjuré wayang utåwå ringgít wujudé barang síng dirékå kåyå “bonéka” síng nduwèni ciri khas.
Wayang digawé såkå kulít utåwå kayu síng ditatah, diukír disunggíng dadi pêpêthan utåwå gêganthaníng manungså.
Jinisé wayang akèh bangêt kayåtå:
- wayang kulít púrwå,
- golèk,
- ménak,
- gêdhóg,
- klithík,
- krucíl,
_bèbèr,
- dupara,
- sulúh,
- wayang wóng lan liyå-liyané.
Amargå ånå kréasi lan aprésiasi wayang-wayang mau ngalami owah-owahan, ånå síng ilang lan ånå síng lêstari têkan saiki.
Wayang mliginé wayang kulít tinêmu såyå apík, éndah lan èdi.
Lumakuning wayang ånå ing pakêliran ora biså pisah karo lakón síng digêlar.
Babagan crita utåwå lakón dadi sumbêr péntas wayang síng cacahé akèh bangêt.
RS Subalidinata ngétung lan nliti puståkå síng dadi sumbêring lakón wayang. Ånå puståkå-puståkå síng kuno, yåkuwi: Mahabharata isiné wólulas parwå, kêkawín Ramayana, Arjuna Wiwaha, Krêsnayana, Sumanasantaka, Smaradhana, Bhomakawya, Bharatayuda, Arjuna-wijaya, Partayajna lan Sudamala.
Manawa púståkå anyar tinulis ånå ing sêrat-sêrat:
- Mintårågå,
- Råmå,
- Déwaruci,
- Bharatayuda,
- Arjunasasra,
- Lokapala,
- Sri Sadana lan liya-liyané síng isiné crita roman pêwayangan.
Ånå manèh buku-buku crita wayang síng luwíh anyar, yakuwi sêrat-sêrat: - Kandhaníng Ringgít Purwa,
- Purwakandha,
- Paramayoga,
- Puståkå Rajapúrwa,
- Pêdhalangan Ringgít Púrwa,
- Pakêm-pakêm lan liya-liyané síng cacahé akèh bangêt.
Wayang óra biså dipisahaké karo dhalang pêpindhané babagan loro síng nyawiji.
Pagêlaran biså urip, ngês lan nduwèni råså tinêmu ånå ing parågå dhalang.
Victoria M Clara van Groenedael ånå bukuné “Dalang dibalik Wayang” ngandaraké bab dhalang tlêsíh lan komplít.
Dhalang mujúdaké parågå síng lêbdå ing kawrúh babagan filsafat, ilmu, ngèlmu, pangawikan, båså lan sastrå.
Parågå dhalang biså diarani guru síng wís putús ing laku lan nguwasani sakèhíng ngèlmu kasêpuhan, kalêbu babagan nilai-nilai ètika lan moral.
Ånå ing jagad pakêliran dhalang pêrlu lan kudu ngrêti lakón, pakêm, paugêran, åntåwacånå, garap lakón, sanggít lan mumpuni ing babagan sêni péntas, kêrawitan, gêndhíng, sêni rípta, bab humór, ndagêl lan liyå-liyané.
Supåyå dalang têtêp èksís akèh bangêt syarat síng kudu dicukupi.
Sêmangat lan obahíng jaman kudu tansah dijingglêngi.
Kêmajuan lan owah-owahan ing babagan pêmêrintahan, politik, ékonomi, sosial kêmasyarakatan pêrlu dingrêtèni.
Kabèh mau kudu dijingglêngi amargå fungsi wayang ora múng mligi kanggo komunikasi.
Wayang lan pêwayangan dhalang lan pêdhalangan wís dadi babagan síng sipaté “multi dimènsi” lan wís nyakup unsúr-unsúr budåyå síng akèh bangêt.
Sêjarah wayang wís lumaku atusan tahún nganti kaya wujudé síng saiki.
Gêgandhèngan karo iku tanggal 21 April 2004 dadi têngêr síng wigati tumrap jagadíng pêwayangan, amargå Unèsco nêtêpaké wayang minångkå “Mastêrpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity”.
Wayang déníng Unèsco ditêtêpaké minångkå “Karya Agúng Budaya Dunia” ånå ing kutha París.
Piagam pêngukuhan kaparíngaké déníng Dirjèn Unèsco Koichiro Matsuura marang Kêtua Umúm Sénåwangi Drs Solichin.
Upåcårå digambaraké apík lan nyênêngaké amargå ditêkani kurang luwíh 1000 undangan.
Koichiro Matsuura ånå ing tanggap wacånå ngêndikakaké mênåwå wayang nduwèni nilai-nilai sing agúng lan adi luhúng.
Wayang biså dadi sarånå ndhidhík såpå waé ing babagan étís lan èstêtís.
Akèh bangêt nilai síng sipaté adi, èdi lan éndah ånå ing jagad pêwayangan.
Koichiro Matsuura ugå ngaturaké panuwún marang pårå dhalang, sêniman lan sêniwati anggóné pådhå nguri-uri lan nglêstarèkaké wayang.
Sawisé tanggap wacånå dhalang Ki Mantêp Sudarsånå mayang arupa pakêliran padat udåkårå 90 mênít suwéné.
Akèh síng pådhå cingak lan gumún nóntón Ki Mantêp Sudarsånå anggóné mayang.
Kêjåbå såkå iku ugå digêlar paméran wayang síng narík minat lan akèh wargå måncånagårå kêpéngin nyinau, nliti lan njingglêngi wayang.
Wayang wís malêbu ing tataran global.
Wayang wís mrambah mratah têkan jaban rangkah lan disênêngi wargå måncånagårå.
Karånå iku, ånå momèntum síng apík kanggo nanggapi alam global lumantar wayang.
Wayang minangka “asèt budåyå” síng adi ora múng pêrlu diuri-uri lan dilêstarèkaké nangíng pêrlu digarap kanthi sistimatik lan holistik.
Ngadhêpi tantangan ing alam global wís wêktuné anggêlar pêmanthêng lan pêmandêng nggarap pêwayangan lan pêdhalangan.
Wayang lan dhalang prayogå dipapanaké ånå ing kontèks litbang, “pênêlitian dan pêngêmbangan” (research and development).
Situs lan wèb site síng ånå Sénawangi pêrlu ditambah lan disêmpurnakaké.
Pêmêrintah (Pusat lan Daérah), Kêdutaan, Kónsulat lan Pêrwakilan Pêmêrintah ånå luar nêgêri, Sêkrétariat Pêwayangan Nasional Indonésia (Sénawangi), Pêrsatuan Pêdhalangan Indonésia (Pêpadi), Lêmbaga/ Institut/Sêkolah Tinggi lan Pusat Studi ing babagan sêni, Karatón, pahêman, paguyuban lan sanggar-sanggar, sêniman, sêniwati, masyarakat pêwayangan, dunia usaha, swasta lan liya-liyané pêrlu sinèrgis mbangún pêwayangan lan pêdhalangan.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет семьякак выбрать казан для дачиотзывы ооо полигон

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

ikon-buku-tamu
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

6976984
  Hari ini     :  Hari ini :65
  Kemarin     :  Kemarin :122
  Minggu ini   :  Minggu ini :489
  Bulan ini   :  Bulan ini :1560
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang