Puspåwarnå - ᭙

04. Budi Pêkêrti

Råmå Sudi Yatmånå ngandaraké bab Budi Pêkêrti kanthi gamblang. Kåyå padatan, Råmå Sudi miwiti andarané nganggo piranti morfologi lan étimologi.
Asalé têmbúng budi såkå båså sansêkêrta budh síng têgêsé: nglilír, tangi, gumrégah, sadhar ing babagan kajiwan. Sabanjuré têmbúng pêkêrti síng nduwèni têgês: tumindak, tumandang, makaryå, makarti ing babagan karagan.
Pêkêrti ånå sambúng rakêté karo tindak-tandúk jiwå lån rågå, lair lan batin. Budi pêkêrti biså dipilah, nangíng ora biså dipisah.
Gêgandhèngan karo bab iku, ånå têtêmbungan síng sinêbút mono dualistik.
Bab loro síng biså dipilah nangíng ora bisa dipisah.
Ånå ing kawrúh métapisika sinêbút the law of two, paugêran loro síng tansah ånå.
Lahír pasangané batín, ålå pasangané bêcík, salah-bênêr, padhang-pêtêng, luhúr-asór lan sapituruté.
Mulå ånå budi lan pêkêrti síng biså dipilah dadi luhúr-asór, utama-nistha, ålå-bêcík lan liyå liyané.
Budi lan pêkêrti síng ålå prayogå di singkiri, nangíng budi lan pêkêrti síng bêcík prayogå diudi lan dicakaké ing bêbrayan.
Råmå Sudi ugå nyitír tulisané Edi Sêdyawati síng nyêbútaké ciri-ciri budi pêkêrti luhúr síng cacahé 56.
Kayåtå srêgêp nyambút gawé, nduwèni tanggúng jawab, disiplin, iman mantêp, andhap asór, pikirané mênêp, pikirané jêmbar, prasåjå, gumrêgút, kónstrúktif, tansah muji syukúr lan liyå-liyané.
Sabanjuré ugå nyêbút watak síng nduwèni nilai-nilai luhúr ing bêbrayan Amérika lan Inggrís, yakuwi jujúr, wani, rukún, unggúl pribadiné, disiplin, sêtyå, urmat, trêsnå, tanggap, andhap asór lan adíl.
Lêlandhêsan Kónfêrènsi Budi Pêkêrti ing Jakarta 26-28 Óktóbêr 2000 ånå rékomèndasi síng sambúng karo cak-cakané budi pêkêrti, yakuwi liwat pêlatihan lan pakulinan, patuladhan lan srawúng kang lugas.
Ki Hajar Déwantårå ugå mratélakaké mênåwå cak-cakané budi pêkêrti luhúr disêbútaké ånå ing tataran dhiri pribadi, kulåwargå, bêbrayan, sêsåmå lan bångså.
Gêgandhèngan karo andarané Råmå Sudi kasêbút, ånå bab-bab wigati síng pêrlu dijingglêngi.
Budi pêkêrti luhúr ora bisa pisah karo étika, utawa kawrúh bab ålå-bêcík. Franz Magnis Susénó ana ing buku “Etika Dasar”, jlèntrèhaké kanthi kómplít ngênani étika síng ånå sambúng rakêté karo ajaran moral.
Étika lan ajaran moral dadi sarånå síng nuntún såpå waé supåyå bisa uríp síng bênêr, wicaksånå, sampúrna, éndah lan sapituruté.
Kanggo mujúdaké kahanan iki pêrlu paugêran, norma, kaidah, tåtåkråmå, tåtåsusilå, tåtåcårå, étikèt lan sapituruté, síng kudu diugêmi lan ditaati.
Budi pêkêrti luhúr orå biså pisah karo sumbêr utåwå tuk-é étika lan ajaran moral, yakuwi ånå ing agåmå-agåmå Hindu, Budhå, Kristên, Islam, Khóng Hu Cu, aliran Kêpêrcayaan, Kêbatinan lan mistisismê.
Akèh bangêt piwulang utåwå ajaran agåmå síng nuntún supåyå biså urip apík, nêmu bagyå lan mulyå ing ndonya lan akhérat.
Ånå ing filsafat Taoism uga akèh ngêmót kaidah utåwå ajaran moral síng nudúhaké dalan kêbajikan, kautaman, kawicaksanan lan kaluhúran. Ajaran åpådéné nilai-nilai ètis lan moral uga tinêmu ing sêni sastra, sêni tari, sêni rupa, musik, dongèng, têmbang lan sapituruté.
Ajaran ètik lan moral uga tinêmu ing jagad pêwayangan.
Dr Hazim Amir MA ånå ing buku “Nilai-nilai Ètis dalam Wayang” ngandaraké kanthi gamblang lan komplít nilai-nilai ètis kasêbút. Ånå ing pêwayangan akèh bangêt bab síng biså dadi sarånå kanggo pêndidikan watak.
Pagêlaran wayang síng nduwèni unsúr-unsúr kaéndahan, yåkuwi sêni sastra, widya (filsafat lan ilmu), péntas, karawitan lan sêni ríptå (kréativitas), biså dadi salah sijiníng sarånå pêndidikan budi pêkêrti.
Lumantar pagêlaran wayang, biså dadi altêrnatif métodê pêndidikan watak síng cócók.
Amargå, tuntunan lan wulangan ing pêwayangan ora nduwèni sifat dóktrinèr, biså ditóntón, dirungókaké lan dirasakaké.
Lakón-lakón wayang síng sumbêré såkå kêkawin Mahabarata lan Ramayana, nduwèni nilai-nilai síng éndah, unik lan adi luhúng.
Parågå utawa tókóh-tókóh ing pêwayangan síng nduwèni watak bêcík, bisa dadi conto lan tulådhå.
Wêwatón sumbêr-sumbêr ajaran étika lan moral síng akèh bangêt mau, budi pêkêrti luhúr bisa di udi, dikulinaké lan dingrêmbakakaké. Pêndidikan budi pêkêrti ånå ing bêbrayan síng lagi nandhang krisis múlti dimènsi prayogå dipilah lan ditåtå.
Pêndidikan budi pêkêrti (luhúr) dadi babagan síng wigati amargå nduwèni nilai-nilai síng éndah lan adi (luhúng) kanggo mbangún watak bångså (nation and character building).


Déníng : Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah


 kds penutup
wangsul-manginggil

Логофет Вадим Геннадьевичкрасивые кастрюлиооо полигон адрес

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

ikon-buku-tamu
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

6977252
  Hari ini     :  Hari ini :15
  Kemarin     :  Kemarin :94
  Minggu ini   :  Minggu ini :226
  Bulan ini   :  Bulan ini :1828
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 9

Kontak Admin.

email-kidemang