Puspåwarnå - ᭙

01. Jagad Jåwå


Akèh bangêt têmbúng utåwå  têtêmbúngan síng biså digandhèngaké karo têmbúng Jåwå.
Têmbúng wóng digandhèngaké karo têmbúng Jåwå dadi wóng Jåwå,  têmbúng manungså  digandhèngaké karo têmbúng Jåwå dadi manungså Jåwå, têmbúng kulåwargå dadi kulåwargå Jåwå, têmbúng budåyå dadi budåyå Jåwå, têmbúng jagad dadi jagad Jåwå.
Istilah jagad Jåwå pancèn cêdhak karo istilah budåyå Jåwå.  Ånå síng ngarani lan nggêrbå mênåwå jagad Jåwå kuwi mêngku budåyå Jåwå.
Jagad Jåwå luwíh jêmbar têbané tinimbang budåyå Jåwå. Bab budåyå mliginé budåyå Jåwå ugå jêmbar têbané.
Ruang lingkúp lan kabèh kang kacakúp akèh bangêt.
Prof Dr Koentjaraningrat ånå ing bukuné síng sêsirah Kêbudayaan Jawa njlèntrèhaké kanthi komplít bab kabudayan Jåwå.
Kabudayan Jåwå ora bisa pisah karo wóng Jåwå, síng ånå ing  pulo Jåwå wiwít såkå dumadiné têkan jaman saiki. Panjênêngané ngrujúk tulisané Th Pigeaud, BJO Schrieke lan WF Wertheim ngênani “variasi régional” kabudayan Jåwå. “Variasi régional” duwé têgês síng mèh pådhå karo bab tlatah, lingkungan, wilayah utåwå kawasan budåyå. Lingkungan budåyå Jåwå nyakúp ranah lan tlatah, yåkuwi: Bantên, Sundhå, Pêsisír Kulón, Banyumasan, Bagêlèn, Pêsisír Wétan, Nêgari Gúng (Suråkartå lan Ngayogyåkartå), Måncånêgari, Mêdurå lan Sabrang Wétan). Kêjåbå  variasi régional kasêbút, Prof Dr Koentjaraningrat ugå njlèntrèhaké pérangan síng diarani kabudayan univêrsal (cultural univêrsals).
Cacahé ånå pitu yåkuwi babagan: båså, sistêm tèknologi, sistêm panguripan utåwå ékonomi, organisasi sosial, sistêm pêngêtahuan, réligi lan kêsênian.
Wêwatón bab-bab iku tinêmu mênåwå kabudayan Jåwå iku  isiné, wujudé,  pérangané, siji lan sijiné  ora pådhå, tinêmu  rupå-rupå lan manéka warnå síng jumbúh karo “sub kultur”-é utåwå wilayahé.
Nyinau, naliti utåwå njingglêngi bab jagad Jåwå lan kabudayan Jåwå, bisa lan prayogå nganggo pratélan cacah pitu utåwå variasi régional  mau. 
Ana ing babagan båså lan sastrå ånå síng diarani Sundhå, Jåwå lan Mêdurå.
Isiné wêrnå-wêrnå ora múng bab dialèk, nanging kabèh síng kacakúp ånå ing båså lan sastrå Jåwå síng nglingkúpi tlatah Bantên,  Pasundhan,  Banyumasan, Pêsisiran, Suråkartan, Ngayogyåkartan, Sêmarangan, Jawa Timuran, Mêduran lan liya-liyané.
Ing babagan  sastrå ånå sastrå síng tinulis utåwå sastrå síng ora tinulís.
Têbå lan isiné akèh bangêt kayåtå babad, riwayat, caritå gancaran, caritå cêkak, carita ginurit,  saloka,  novèl, ésèi, aksårå Jåwå (hå nå cå rå kå då tå så wå lå på dhå jå yå nyå må gå bå tå ngå)  lan spituruté síng ånå lan tinêmu ing pulo Jåwå.
Gêgandhèngan karo bab iki, Råmå Sudi Yatmånå ånå ing andaran Mbah Sétrå mènèhi  tulådhå síng akèh bangêt. Kajåbå bab båså lan sastrå, kabudayan Jåwå ngêmót, mêngku, mêngkoni lan nyakúp ilmu  (ngèlmu)  Jåwå, kayåtå  filsafat Jåwå, ngèlmu sangkan paraníng dumadi, kêbatinan (ngèlmu kêjawèn), ngèlmu patitisíng pati, ngèlmu kasampurnan, kawaskithan, kalantipan, ngèlmu mistík utåwå tasawuf,  kajiwan (ngèlmu jiwå), kanuragan, ngèlmu karang, guna kasantikan, pawukón, pétúng, pasatuwan, katuranggan, palintangan (horoscope), ramalan (jångkå), pralambang, ngèlmu kalang, ngèlmu wêwangunan (arsitèktúr), lan liyå-liyané síng cacahé akèh bangêt.
Bab ngèlmu Jåwå akèh síng ditulis ånå ing kapustakan Jåwå (kuno, têngahan, anyar), naskah-naskah, manuskrip, primbón-primbón, wulangan, wêjangan, wêdharan, andaran, pitutúr, pêpali, sulúk, kidungan, têmbang (gêdhé,cilík) lan liyå-liyané. Ånå síng ditulís nangíng ugå ånå síng ora tinulís  arupå tradisi lisan.
Wulangan, ngèlmu  lan “laku” Jåwå mênåwå dipilah-pilah, dipilíh-pilíh, dipånthå-pånthå lan digånthå-gånthå, diothak-athík (dadi gathúk), dinalar lan dianalisís nganggo cårå (métodê, tèknik) sing “ilmiyah”, biså awujúd blêgêríng ngèlmu Jåwå utåwå “the body of Javaness sciences”.
Såkå kabèh ilmu, ngèlmu utåwå pangawikan mau bisa ditimba sakèhíng bab, “asèt” utåwå “hartå-kåyå” kabudayan Jåwå síng cacahé, gunggungé, têbané jêmbar lan  ngédab-édabi. Saupåmå banyu utåwå tirtå (bêníng, wêníng) kang ånå ing sumúr yèn ditimbå ora bakal êntèk, yå babagan kalahiran yå babagan kajiwan, yå lahiriyah yå batiniyah.
Akèh síng lungíd, rumít, ngrawít,  éndah, édi lan adi (luhúr, luhúng).
Ånå ing babagan tèknologi, rékådåyå rékåyåså akèh tinêmu ånå ing ngèlmu kalang lan ngèlmu arsitèktúr Jåwå.
Mulå ånå wangunan rupå Karatón lan lingkungané síng ngêmót akèhíng pérangan síng nduwèni lambang lan filosofi síng  dhuwúr.
Ånå síng diarani Alún-alún,  Waringín (kurúng), Pagêlaran, Sitihinggil, Panggúng Sånggå Buwånå, pérangan Bangsal, lawang utawa Kori (Mangu, Gapít, Kêmandhungan, Srimanganti, Bråjånålå lan sapituruté), Gêdhóng, utåwå Dalêm Agêng lan satêrusé nganti têkan plataran Alún-alún sisíh kidúl. 
Wêwangunan síng ciri-ciriné khas Jåwå uga tinêmu ing njåbå Karatón pérangan lan jinisé akèh bangêt.
Kabudayan Jåwå uga akèh  ngêmót babagan sistêm ékonomi. Wulangan Jåwå ånå ing ékonomi mliginé ing bêbakulan lan dêdagangan luwíh nêngênaké  bêbrayan, sêsrawungan, kêkancan, pasêduluran lan liyå-liyané, mula ånå têtêmbungan tuna satak bathi sanak. 
Ånå ing babagan sêni lan budåyå manungså Jåwå nduwèni pérangan sêni cacahé akèh bangêt, nglimputi  sêni swårå:  karawitan, gamêlan, géróngan, gêndhíng, lêlagón, sêndhón lêlangên swårå, sulúk, têmbang, måcåpat,  musik lan instrumèn Jåwå liyané.
Ånå ing babagan tari ånå tari bêdåyå, srimpi, bêksan, lênggót båwå, gambyóng, wayang wóng, bambangan cakíl, wirèng lan tari pêthilan, kêthoprak, srandhúl, ludrúk lan liyå-liyané.
Babagan sêni rupå tinêmu akèh bangêt ing candhi-candhi Båråbudhúr, Prambanan, Plaósan, Sèwu, Bókó, Pênataran, Bajang Ratu lan liyå-liyané ånå síng rupå kålå makårå, pradhaksinå, rêcå, patúng lan sapituruté.
Pérangan sêni ugå akèh tinêmu ing pêwayangan lan pêdhalangan. Akèh bangêt lambang lan wulangan ånå ing pêwayangan lan pêdhalangan.
Bab-bab síng magêpókan karo sêni, akèh bangêt paédah lan manfaaté, kayåtå: nguripaké bab råså kaéndahan, ngalusaké tingkah laku lan kapribadhèn, nyurúng kréasi lan aprésiasi, biså mujúdaké kahanan síng timbang antarané intêlèktual (rasio) lan émosi.
Durúng paédah lan manfaat síng arupå lêlagón, hiburan, tuntunan lan tóntónan sing ngrêsêpaké ati. 
Sêni budåyå Jåwå bisa nuwúhaké råså lan jiwå Jåwå, jatidhiri, kapribadhèn síng nduwèni ciri unik lan khas.
Ånå ing Jagad Jåwå lan kabudayan Jåwå digêlar akèhing babagan kang rupå-rupå lan manékå warnå.
Jagad Jåwå ngêmót  éwóníng bab ånå ing jagadé manungså Jåwå síng uríp ånå ing tlatah Jåwå.


Déníng : Ki Sutadi
Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

 kds penutup
wangsul-manginggil

трейдер mfx чугунный котелалександр лобановский класс

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

ikon-buku-tamu
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

6977253
  Hari ini     :  Hari ini :16
  Kemarin     :  Kemarin :94
  Minggu ini   :  Minggu ini :227
  Bulan ini   :  Bulan ini :1829
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang